Senin, 22 April 2013

Lirik Lagune Nurbayan Siso Tresno Ing Bumi Patria


Siso Tresno Ing Bumi Patria – Nurbayan

Lirik Lagu Nurbayan  Siso Tresno Ing Bumi Patria


Koyo koyone wes rah biso anggonku nggandoli sliramu
Pancenne wes tibo wancine uwes cukup mung semrene

Gumlegar suorone peter ing langit bumi patria
Neng Makam Bung Karno minongko seksine
Kawitan aku ketemu kowe

Ning pancen nasibe kudu lilo nerimo
tresno kepenggak restune wong tuwo
amung lewat gending tak ukir lakon loroku
nelongso yen eleng kowe cah ayu

Amung nangis, nangis yen aku kelingan
Naliko pacaran ning candi penataran
Amung trenyuh trenyuh yen aku kelingan
Katresnanku pupus kari kenangan

Kesirep atimu lali marang awakku
Tak lilo lilo snajan ati kuciwo

Sabtu, 23 Juni 2012

Aja Reka-Reka

Katresnanmu sing mung lamis daktampa
Tangan loro, dakwadhahi bathok, supaya
dipangan semut-semut rekitip, nggateli.

ucapmu sing ngayawara dak lebokake tas kresek
banjur dakbesmi supaya kobar ing geni
leleh dadi awu

nanging yen jiwamu sing reged
aja kok buang ngono bae
koyo barang rongsokan
gawanwn mrene
mengko dakwasuhe supoyo dadi resik
mumpung padhang dinone, ojo nganthi keduwung
lan muspra uripmu


Dipun sadur Saka Gurit Katresnan Halaman 5

GURIT KATRESNAN


 Katresnan iku geguritaning urip sejati
 pepadang sajroning pepeteng
 biso digawe nannging ora biso digawe-gawe

 Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumndak dudu
 Kayadene: Drengki, Srei, dahwen lan pati open

 Katresnan iku larang regane ora biso dituku
 lan ditiru sarono bondo dunyo lan rojo brono
 Liyana, jalaran toh-tohane nyowo

 katresnan iku dalan kang tumuju marang bener
 kebak dening roso lan pepadhang
 Lilo lan legowo lair thumusing bathin
 kaya dene gegodhongan kang gogorog saka uwit
 ora ngarep-arep bakal baline
 melu ngrasakake panandhanging liyan

 katresnan iku ora mbedak-mbedakake
 Cendek duwuring pangkat
 asor luhuring drajat
 lan gegebenganing urip kang rinasuk
 anane mung welas lan asih
 suka pitulung marang sapa bae

 katresnan iku pranyata umur tuwo, dudu umur dawa
 URIP TANPO CACAT ING NGARSANING PANGERAN
 SING NGUASANI PATI LAN URIP.