Sabtu, 23 Juni 2012

Aja Reka-Reka

Katresnanmu sing mung lamis daktampa
Tangan loro, dakwadhahi bathok, supaya
dipangan semut-semut rekitip, nggateli.

ucapmu sing ngayawara dak lebokake tas kresek
banjur dakbesmi supaya kobar ing geni
leleh dadi awu

nanging yen jiwamu sing reged
aja kok buang ngono bae
koyo barang rongsokan
gawanwn mrene
mengko dakwasuhe supoyo dadi resik
mumpung padhang dinone, ojo nganthi keduwung
lan muspra uripmu


Dipun sadur Saka Gurit Katresnan Halaman 5

GURIT KATRESNAN


 Katresnan iku geguritaning urip sejati
 pepadang sajroning pepeteng
 biso digawe nannging ora biso digawe-gawe

 Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumndak dudu
 Kayadene: Drengki, Srei, dahwen lan pati open

 Katresnan iku larang regane ora biso dituku
 lan ditiru sarono bondo dunyo lan rojo brono
 Liyana, jalaran toh-tohane nyowo

 katresnan iku dalan kang tumuju marang bener
 kebak dening roso lan pepadhang
 Lilo lan legowo lair thumusing bathin
 kaya dene gegodhongan kang gogorog saka uwit
 ora ngarep-arep bakal baline
 melu ngrasakake panandhanging liyan

 katresnan iku ora mbedak-mbedakake
 Cendek duwuring pangkat
 asor luhuring drajat
 lan gegebenganing urip kang rinasuk
 anane mung welas lan asih
 suka pitulung marang sapa bae

 katresnan iku pranyata umur tuwo, dudu umur dawa
 URIP TANPO CACAT ING NGARSANING PANGERAN
 SING NGUASANI PATI LAN URIP.