Siso Tresno Ing Bumi Patria – Nurbayan
Lirik Lagu Nurbayan Siso Tresno Ing Bumi Patria
Koyo koyone wes rah biso anggonku nggandoli sliramu
Pancenne wes tibo wancine uwes cukup mung semrene
Gumlegar suorone peter ing langit bumi patria
Neng Makam Bung Karno minongko seksine
Kawitan aku ketemu kowe
Ning pancen nasibe kudu lilo nerimo
tresno kepenggak restune wong tuwo
amung lewat gending tak ukir lakon loroku
nelongso yen eleng kowe cah ayu
Amung nangis, nangis yen aku kelingan
Naliko pacaran ning candi penataran
Amung trenyuh trenyuh yen aku kelingan
Katresnanku pupus kari kenangan
Kesirep atimu lali marang awakku
Tak lilo lilo snajan ati kuciwo
Dijupuk Saking website: http://geguritankatresnan.com/siso-tresno-ing-bumi-patria-nurbayan.html